TUGAS 1
BASA JAWA
Wacanen cerkak iki!
Sudra Lola
Srengenge wis bali menyang panggonane, langit uga wis peteng, lan hawa adem tansaya nlusup ing jroning jaketku. Gantine hawa sore iki gawe kepalaku mumet ora karuan.
“Mbun-mbunanku krasa panas lan kudu mbledos” batinku ing jroning ati. Ora mung iku, awakku wes lemes, mung tenaga setitik sing bisa nguatake lakuku.
Lelakon mulih Pandaan menyang Malang sing tak lakoni karo koncoku wiwit isuk nganti sore. Krungu suara adzan kanggo sholat maghrib ing mushala lan masjid ing sak dawane dalan.
Rasa keselku ngalahake kabeh,males aku mandhek ing mushala utawa masjid kanggo sholat maghrib. Amarga rasa luwe lan males iku mau dibarengi karo suara cacing nembang kroncong ing jroning wetengku. Ora tak sadari yen aku durung mangan wiwit isuk mau.
“Aduh, kok wis manjing wektune maghrib ya, kepriye yen aku shalat ing omah wae” batinku dewe.
“Din, kepriye yen kita mangan dhisik, kanggo nambah tenaga, shalate mengko wae sak wise mangan, he he he…” omongku menyang Dinda.
Nanging, perkara liya yen Dinda, kabeh perkara qada shalat mangkono kuwi ora disetujuni deweke.
“Kowe iki Ris, mangan wae sing didhisikake, deloken wektune shalat wis arep entek!” omonge Dinda.
Wiwite aku wegah yen kudu mandek ana salah siji masjid lan gawe ukara yen mengko qada shalat teka Malang.
“Aduh, nanging aku wis kudu semaput, kowe ora mesakake nyawang koncomu iki ya?” omongku katon ngguyu. Ringkese cerita, aku lang Dinda engkel–engkelan. Dhumadakan aku ngerem ndadak motorku amarga ana ing ngarepku truk mandhek uga ngerem ndadak, suara roda motorku mlengse ing aspal krungu banter…ciiiiiiiiiiiiiiiiiiiiittttttttttttttt!!!.
“Arrrrrrrrrrrrgggggggggggg…ya Allah” aku nyebut karo Dinda bareng. Aku lan Dinda saknalika oleng ing sesuketan pinggir dalan, Alhamdulillah kita ora tatu mung tiba wae.
“Alhamdulillah ora nyapo-nyapo ya Ris, yen ora dudu masjid sing dadi panggon lerene kita tapi rumah sakit” kandhane Dinda wedi.
Kaya-kaya jantungku mandeg awakku sekojur ndredeg. Kaya didukani Gusti Alloh.
“Iya Dind, jantungku kaya arep cepot” omongku karo Dinda. Meneng-meneng aku ngakoni yen Dinda bener.
Akhire aku lan Dinda shalat maghrib karo ngaso. Aku milih masjid sing paling cedek karo panggonan aku tiba mau. Ketara kubah sing putih lan jogan sing resik katon endhah, gawe rasa wedi lan ndredegku mau ilang saknalika. Aku lan Dinda langsung lumaku menyang panggonan wudhu, adem ayem banyu kaya embun isuk.
Aku lan Dinda banjur menyang shaf lan sholat maghrib. Atiku rasane ayem ana ing kene, hawa adem lan wangine mukena ing masjid ngancani aku ngibadah.
“Alhamdulillah, wektune sholat durung entek ya Dind” omongku menyang Dinda.
“Iya Ris, slamete jamaah shalat maghrib durung mari shalate, dadi kira isih bias melu shalat jamaah ya!” omonge Dinda.
Sakmarine shalat, atiku adem ayem banjur gawe tenagaku pulih kaya mau. Karo mbalikake mukena menyang panggonane aku omong-omongan karo Dinda.
“Dind, aku seneng shalat ana kene, wong-wonge ngrapyak ya” omongku.
“Bener kandhamu Ris, kapan-kapan ayo shalat ing kene maneh ya, adoh teka omahe kita ora dadi perkara..he he he” omonge Dinda.
Dhumadakan ana perkara sing gawe aku mlongo, jroning ati aku bingung kena apa bocah-bocah takmir masjid gawa tas plastik gedhe akeh lan rupane ireng. Apa iku isine panganan sodaqah kanggo jamaah. “Alhamdulillah” batinku, cocok karo aku sing luwe iki.
Ora suwe, salah sijine bocah takmir iku mau ndelehake tas plastik iku mau ing antara aku lan Dinda. Aku ya kaget, mataku lan matane Dinda sawang sinawang, aku lan deweke bingung. Banjuur ora isin maneh aku takon, apa maksude bungkusan iku maul an bocah iku mau ngomong yen bungkusan iku kanggo aku lan Dinda. Amarga wis bengi aku ora mbukak isi bungkusan iku maul an saknalika langsung ngomong matur suwun.
“Eh Ris, apa ya isine bungkusan iku mau?” takone Dinda.
“Hmmm..paling yo panganan Din, kita buka wae ing omah ya, kan ya lumayan, ora usah tuku panganan maneh, he he he” omongku karo Dinda.
“Bener kowe, ayo ndang mulih” omonge Dinda.
Sak tekane ing omah aku wis ora sabar mbukak isine tas plastik iku mau. Ing jroning ati aku ngira isi tas iku mau panganan. Rasa seneng lan gembira ana ing utekku. “Alhamdulillah” langsung tak omongake ping akeh.
Nanging, rasa senengku iku mau ilang saknalika. Tibake isi bungkusan iku yaiku klambi-klambi sing wis kangge kanggo fakir miskin. Aku ngerti perkara iku amarga ing jroning tas iku ana kertas sing tulisane “Sumbangan untuk Fakir Miskin dan Anak-Anak Terlantar”.
Aku banjur sms Dinda.
Din kowe ora kepingin ngguyu, apa prainane kita kaya bocah ora kopen?
Ora suwe banjur teka balesane sms teka Dinda.
Hehehe kita pancen prainane ora kopen Ris, ambune ora enak pisan, aku wis ora kuat ngempet ngguyu.
Rasa kuwe kan kesel kaya-kaya ilang diganti rasa kudu ngguyu sak dowone bengi iku mau. Saknalikan aku langsung ngilon ing kaca,apa aku pancen kaya bocah ora kopen.
- Wacanen cerkak sing judule Sudra Lola
- Sakuwise maca cerkak iku, banjur golekana unsur-unsure cerkak ing ngisor iki!
- Tema
- Alur (nepungne, perkara, puncaking perkara, pungkasaning perkara, lan panutupe crita)
- Amanat
- Lakon lan wateke (diwenehi bukti arupa ukara sing ana ing cerkak)
- Latar panggonan, kahanan, lan suasana (diwenehi bukti arupa ukara sing ana ing cerkak)
- Nilai sosial
TUGAS 2
NULIS CERKAK BASA JAWA
Ing ngisor iki ana langkah-langkahe nulis cerkak:
- Nemtoake tema
- Nemtoake alure crita mulai saka nepungne, perkara, puncaking perkara, pungkasaning perkara, lan panutupe crita
- Ngembangaake alur crita dadi paragraf-paragraf sing apik
- Ojo lali ing cerkak kudu ana dialoge
- Sak paragraf paling sethitik 3 ukara
Sakuwise ngerti carane nulis cerkak, banjur gaweo cerkak nganggo tema bebas paling sethitik 5 paragraf!!
TUGAS 3
UPACARA ADAT
- Upacara adat yaiku salah sijine wujud sukur masyarakat menyang Gusti Alloh. Ing saben-saben daerah, upacara adate beda-beda.
- Yen ing Provinsi Jawa Timur khususe ana Kabuppaten Tulungagung, ana upacara sing rupane rena-rena, yaiku ing ngisor iki.
- upacara tedhak siten
- upacara petik pari
- bersih desa
- tingkepan
- pitonan
- nyadran
- upacara temu manten
- ngundhuh mantu
- upacara ruwatan anak
TUGAS
Upacara adat ing Kabupaten Tulungagung ana 9 jinis, banjur golekana ing internet kepriye:
- maknane upacara adat
- cara-carane upacara adat
- pesen morale sing bisa dituladhani saka upacara adat iku
TUGAS 4 MRATELAKAKE PANEMUME BAB UPACARA ADAT
Wacanen wacan ing ngisor iki!
Tradhisi Nguras Sumur Gemuling
Kanggo mujudake rasa syukur marang Gusti marang anugerah sing wis ditampa lumantar alam semesta, warga masyarakat Desa Bendungan Wonosari Klaten, nggelar tradhisi nguras sendhang ana papan keramat sing di arani Sumur Gemuling. Sumur keramat iki kanggone warga sekitar dianggep dadi papan panggonan pundhen desa, mula saben taun ora lali tansah di uri uri kanthi cara di kuras lan di resiki saka rereged.
Miturut Taufik, salah sijine warga desa Bendungan ngandhakake, sumber tuk Sumur Gemuling nganti tumeka sakiki pancen durung dimangerteni asal usule sing mesthi. Senadyan akeh cerita lan mitos sing nyritakake kawiwitane Sumur Gemuling, nanging sejarah sing tenan durung bisa di pesthekake. Hamung cerita turun temurun saka simbah simbah ngandhakake, menawa sumber tuk Sumur Gemuling kawiwitan saka sabda Kanjeng Sunan Kalijaga nalika nyebarake siar ana daerah Klaten.
Dikisahke, ing nalika wektu semana Kanjeng Sunan Kalijaga nempuh laku saka Semarang tumuju ana Klaten, dikancani salah sijine murid sing jenenge Ki Ageng Pandanaran, nalika ngaso ana ngisor uwit ringin Kanjeng Sunan Kalijaga lan Kiageng Pandanaran arep ngleksanani ngibadah Sholat limang wektu, nanging ana sak tengahing alas golek banyu kanggo wudlu ora ana. Dening Kanjeng Sunan Kalijaga, papan sak ngisor uwit ringin mau banjur di thuthuk kaping telu, sanalika metu sumber banyune. Tuk ilining banyu saka ngisor uwit ringin mau kanggo wudlu Sunan Kalijaga lan Kiageng Pandanaran. Kawiwitan saka iki mau, suweneng suwe sumber tuk mau banjur sangsaya gedhe lan dadi sendhang kasebut Sumur Gemuling.
Kajaba crita lampah laku siar Kanjeng Sunan Kalijaga, sumber tuk Sumur Gemuling di percaya uwis ana wiwit ewunan taun kepungkur. Sumur Gemuling miturut mitos legenda, kasebut saka kisah Bandung Bondowoso nalika njupuk banyu saka sumber tuk, lan wutah ana pinggir sendhang. Wutah jalaran nggoling mau, banjur kasebut kanthi aran Sumur Gemuling.
Mitos Bandung Bondowoso ana Sumur Gemuling miturut legenda, nalika Bandung Bondowoso ngupaya golek bala bantuan Jin, Demit, Setan peri prayangan kanggo mbiyantu anggone nggawe Candi Sewu ana Prambanan. Papan panggonan Sumur Gemuling nalika dhek jaman semana pancen wingit banget, ‘Jalma mara Jalma mati’. Nanging kairing saka lakuning zaman, sumber tuk sing nate di jupuk banyune dening Bandung Bondowoso katutup sacara ghaib. Nganti tumeka zaman walisanga, tuk mau banjur bisa dibuka maneh dening Sunan Kalijaga. “Kajaba sumber tuk, uga ana mesjid sing nate kanggo sholat Kanjeng Sunan Kalijaga lan Kiageng Pandanaran” ujare Taufiq
Di kandhakake, masjid mau saiki dibangun warga masyarakat sekitar, uga dibangun jedhing kanggo adus, sing banyune diileni saka Sumur Gemuling. Jeding iki mau, biyasane kanggo ritual para pelaku ziarah sing padha menyang Sumur/Gemuling, saben dina malem Jumat lan dina keramat liyane.
Sumur Gemuling wujude sendhang sumber tuk, sing jembare kurang luwih 6 X 4meter. Ana ing dhasar sumur, sumber tuk iline banyu ora mung siji, nanging ana puluhan sumber banyu sing ngetokake iline banyu. Saking akehe sumber tuk, nganti warga kerepotan anggone nguras banyu saka Sumur Gemuling, jalaran kalah dhisik karo iline banyu saka tuk.
“Dibutuhake pompa mesin cacah loro kanggo nyedhot banyu saka Sumur Gemuling, supaya banyu bisa asat” kandhane Taufik. Iwak lele kanggo rebutan warga Upacara adat nguras Sumur Gemuling kaleksanan saben sasi Ruwah, nanging mligi kanggo para pelaku ritual sing padha nduweni ujar, biyasane di leksanakake ing wulan Sura. Kaleksanan tradhisi iki ora luput saka ujar utawa nadar para pelaku ritual, sing kabul penyuwunane. Ora mung kanggo warga sekitar sing biyasa nggelar ritual ana Sumur Gemuling, nanging akeh warga saka luar kota sing ziarah ana Sumur Gemuling. “Upacara tradhisi nguras Sumur Gemuling kawiwitan saka esuk nganti teka rampung” ujar Taufiq
Puluhan warga desa uwis padha siyaga wiwit esuk ana Sumur Gemuling. Ana sing nggawa peralatan tukang, ember, tali, linggis, pacul lan sak wernane. Nanging sak durunge tradhisi nguras sumur diwiwiti, luwih dhisik para ibu ibu nggawe sega wilujengan arupa sega gudhangan lan jajan pasar komplit. Sega gudhangan iki minangka kanggo wujude rasa syukur lan sedhekah keselametan, supaya warga sing padha nguras sumur tansah wilujeng ora ana alangan apa apa.
Sabubare di dongani, sega gudhangan banjur dibagi bagi marang warga sekitar sing padha nguras sumur, lan warga liyane sing padha nonton ana Sumur Gemuling. Lendhut pasir lan rereged sing nyumpel ana Sumur Gemuling diresiki kabeh. Sumber tuk iline banyu uga diresiki, amrih tuk bisa lancar. Parisukane warga katon samsaya meriah, awit salah sijine warga masyarakat ngeculake iwak lele ana sak jroning Sumur Gemuling. Puluhan iwak lele kanggo rebutan warga masyarakat sing nguras ana njero sendhang. Ora saben warga bisa entuk iwak lele, jalaran ana njero banyu dadi angel bisa kecekel. Senadyan ana sing nggunakake ember lan jaring tangan, nagging tetep ora gampang nyekel iwak lele urip ana njero banyu.
Tradhisi iki saben taun ora mung dadi ajang tradhisi ngleluri adat, nanging bisa dadi tontonan lan hiburan sing menarik. Swasana ing dina iki pancen beda karo dina padatan, warga ora wani neka neka ana sak kiwa tengene Sumur Gemuling, awit pancen wingit lan angker tenan. Akeh sing pada kesurupan, menawa nekad nerak pantangan ana Sumur Gemuling. Warga desa gotong royong nguras sendhang
Kajaba dianggep keramat, banyu sing metu saka Sumur Gemuling migunani kanggo sawah pertanian warga desa. Mula kanggo mujudake rasa syukur, saben wulan Ruwah warga masyarakat nggelar upacara bersih desa ana Sumur Gemuling. Tradhisi saben wulan Ruwah iki kudu bisa kaleksanan saben taun, jalaran menawa dilalekake warga desa bisa kena musibah.
Ora adoh saka Sumur Gemuling ana siji maneh sendhang keramat sing jenenge Sendhang Keputren. Sendhang iki jarake 20 meter saka Sumur Gemuling, senadyan mapan sesandhingan, nanging peguasa ghaib ing Sendang Keputren beda karo Sumur Gemuling. Aran Sendang Keputren, jalaran sosok ghaib sing mbaureksa ana sendhang akeh pawongan wadon wadon, mula kasebut Sendhang Keputren.
Sendhang Keputren wujude kolam lemah kaya dene kolam lele, nanging sumber tuk iline banyu katon bening banget. Sumber iki nalika zaman semana wis nate di bukak, nanging saben saben sumber tuk mau kelongsoran lemah lan ndadhekake buntet. Marang warga masyarakat sekitar, banjur di wenehi ritual sedhekah bumi supaya sumber banyu mau bisa dibukak lan ora kelongsoran lemah. Wiwit di wenehi sedhekah bumi, sumber banyu banjur bisa dibukak lan di gawekake kolam penampungan banyu. Pager kolam ora di bangun nganggo sirtu, nanging kolam lemah malah bisa teguh lan kuwat nampung banyu saka Sendhang Keputren.
Akeh para pelaku ritual ing Sendhang Keputren, ing antarane sing kepengin murah rejeki sandhang, pangane, nanging akeh uga para ledhek lan pekerja panggung sing padha ritual ana Sendhang Keputren. Awit kabeh mau percaya, menawa banyu saka Sendang Keputren bisa nggawe sumunare cahya pasuryan, utawa sing kasebut ndadekake jimat pengasihan. (Judiantoro)
Sakuwise maca wacan ing nduwur iku, banjur pratelakake panemume bab upacara adat iku!
- Ana ing upacara adat iku, bab apa sing patut dituladhani?
- Ana ing upacara adat iku, bab apa sing ora patut dituladhani?
TUGAS BASA JAWA
KANGGO PSG KELAS XI TSM
SMK NGUNUT
Wangsulana pitakon ing ngisor iki!
- Apa tegese tembang macapat iku?
- Apa gunane tembang macapat iku?
- Sebutna sewelas (11) tembang macapat lan tuladhane!
- Sebutna guru lagu, guru wilangan, guru gatra, manane sewelas (11) tembang macapat!